*🌿 URIP AJA MUNG MANGAN TURU 🌿*
Dening : mBah Parji
220226
Urip iku aja nganti mung kebak mangan lan turu. Saben ndina mung ngenteni wektu mangan, bar kuwi turu maneh, esuke tangi mung mbaleni pakulinan sing padha. Yen urip mung kaya ngono, apa bedane karo wong sing ora nduwe tujuan lan ora nduwe gegayuhan?
Eman banget, akeh wong padha sambat kekurangan wektu. Rumangsa wektu iku kurang kanggo nyambut gawe, kurang kanggo ngupaya masa depan, kurang kanggo nindakake kabecikan. Nanging ing sisih liyane, ana uga wong sing uripe entek mung kanggo mangan lan turu. Wektune akeh, nanging ora digunakake kanggo ngupaya urip sing luwih becik.
Kamangka kebutuhan urip iku akeh sing kudu digoleki. Sandhang, pangan, papan, lan kabutuhan liyane ora bakal teka dhewe tanpa usaha. Lha terus yen sing aweh mangan saben dinane wis ora ana, banjur arep mangan apa wong kuwi mau? Pitakon iki kudune dadi pangeling supaya saben wong sadar yen urip ora bisa gumantung marang liyan saklawase.
Iki nuduhake yen wong kuwi durung nduwe pangerten menawa urip iku nduwe tanggung jawab dhewe-dhewe. Saben wong kudu usaha, kudu nyambut gawe, kudu ngupaya piye carane yen wis dewasa bisa nguripi awake dhewe. Urip iku ora mung njaluk lan nampa, nanging uga kudu gelem makarya lan tanggung jawab marang uripe dhewe. Aja nganti dadi wong sing mung njagakake liyan, nanging ora gelem obah kanggo masa depane.
Jane ya ora tega ndeleng wong sing nduwe sipat kaya mangkono. Urip tanpa usaha, tanpa tanggung jawab, lan tanpa semangat ngupaya kabecikan. Kahanan iki kerep kedadeyan dudu tanpa sebab. Bisa uga amarga biyen wong tuwane kurang nggatekake pendidikan lan panggulawentah tumrap anake. Anak ora diwulang mandiri, ora dibiasakake tanggung jawab, mula nalika diwasa dadi wong sing gumantung marang liyan.
Mula iki dadi pepeling kanggo kita kabeh, luwih-luwih sing duwe anak. Anak kudu digulawentah kanthi becik, diwulang kerja keras, diwenehi tuladha tanggung jawab, lan dibiasakake urip mandiri. Supaya ing tembe mburine, uripe anak ora mung kebak mangan lan turu saben dinane, nanging dadi wong sing migunani, nduwe tujuan, lan bisa nguripi awake dhewe uga menehi manfaat kanggo wong liya.
Urip iku cekak, wektu ora bakal mbaleni. Mula gunakna saben detik kanthi makna. Obaha awakmu, ngupayaa masa depanmu, lan dadia wong sing tanggung jawab marang uripmu dhewe. Aja nganti urip mung kari crita: mangan, turu, lan tanpa guna.
Elinga, urip iku kanggo diupayakake, dudu mung kanggo dinikmati tanpa tanggung jawab.